Mendem Alem

Ini niih cerita jawa,dibaca yak..... ada amanatnya lohh bagi kita.

                                      Mendem alem
Image result for gambar ayam      Lancur, iku jenenge calon jago pethingan tenan, ules wido cepaka, Acengger telon, jalu lan sikile kuning. Buntute ketel. Sisike mulus banget. Iku kabeh titikane calon jago sing peng-pengan.Nanging ing panyawange kancane, silancur iku kewan sing nyebelake. Sikape anggep. Omongane ndakik,tembunge asring natoni atining liyan. Lan emoh kalah. Mula, malah kanca-kancane sing ngalah.
Image result for gambar bebek
            Esuk iku si lancur lagi mlaku-mlaku ing tengah alas. Ing satengae mlaku dheweke dicegat karo kancane yaiku Bebek, nanging dheweke ethok-ethok ora weruh.“ lho.......kang, Arep reng di kang ? ” takok si Bebek. Lancur ethok-ethok kaget “ Eh, kowe ta bek. Biasa ah, olahraga esuk “ gayane karo mamerno wulune.“ Wah....kang, wulumu saiki malih apik wae leh kang, opo maneh jalumu, ck...ck...ck, nambah gagah wae ” si Bebek sok ngalem. “ mosok to, Bek ? Aku gagah ? ” “ Tenan, kang. Mosok aku ngapusi, jajalo mlaku ngidul mrana, tong akeh sing ngalem kowe ngono.”Terus kelorone iku mlaku ngidul, sinambi mlaku kelorone omong-omongan saya gayeng. “ He, Bek, pirang-pirang dina iki aku ajar kluruk, kowe gelem ngrungokno ta ora ?.” “ Yo, aku gelem kang.” Kukuruyuuuk........” Lancur mamerake swarane seng ugung patek apik, ning wes lumayan. “ Piye....Bek, apik ora swaraku ?”.“ Ck...ck...ck..wah wah wah... swaramu joss tenan, kang. Dadi seng dhek esuk seng kluruk iku kowe ?” Bebek gumun. “ He’e.sapa maneh nek ra aku, Bek ?” si Bebek gumun, neng ati ne ngguyu “ wkwkwk.....omongane tok seng gedhe.”          Kekarone ketemu manuk prenjak, si prenjak kuwi muni mung si Lancur sing paling hebat. Esuke si Lancur saya munjuk, si Lancur saya adoh karo si Bebek. Saiki si Lancur nyedhaki blumbang. Ning kono akeh menthok, bebek seng lagi langen. Kebeneran neng kono ono menthok ing dharatan. “kenalake kang Menthok, iki kang Lancur, kancaku.” Lan si Menthok nyalami si Lancur, sak wise salaman si Menthok arep ngandani Bebek bisik-bisik. “Bek,kancamu iku ambune kecing, ora adus pirang taun leh ?” krungu si Lancur, Lancur langsung ngabruk si Menthok iku. “ Wadhaoow...!” bengok Menthok kelaran. Si Lancur nguber Menthok mau. Nanging Bebek ngalangi dheweke. “sabar kang.....sabar....!!!”, “sabar apane ra nok sabar, dienyek mbokkon sabar......!!” si Lancur nesu. Saking ngamoke Menthok emoh kalah, dheweke  malah nantang si Lancur “ Lancur, aku ora gumun karo kekondhanganmu, aku gelem tundhuk karo kowe,nanging kowe kudu bisa ngalahno aku balapan ing dhuwur banyu.....!!!” Pekoro atine wes kobong, opo maneh ono swara manuk-manuk soko dhuwur wit “ Waneni wa’e kang....!!,mosok kowe gagahe meng kono kalah karo Menthok elek iku?” Amarga ono seng panas-panasi atine, nganti si Lancur lali karo kekurangane awake. “ Cur, Lancur, ojo nuruti panasing atimu, kowe pancen gagah nanging kowe yo duwe kekurangan.”             Nanging si Lancur ora ngrungokno pituture pitik babon iku, dheweke karo menthok malah wes podo siap-siap,sakwise diabani si Lancur malah langsung jegur dhisiki. Byurr....! kecepak......kecepak....kecepak. Lancur ra iso nglangi, awake sayo ambles, saya ambles, Lancur bengok-bengok njaluk tulung. “ Tulung......tulung..”,seng liyane ora dho nulungi malah dho ngguyu. Lan si Lancur iku sadhar, yen aleman iki mung bodhoni awake enthok,lan si Lancur nangis getun.            Awake saya memelas. Nanging ra nok seng nulungi. Si Pitik Babon arep nulung, nanging Babon mau ya pada ora iso nglangi. Sujune ono Banyak seng nulungi, lan si Lancur dientasake soko banyu, sak wis’e kakuwatane pulih, si Banyak ngandani “ Lancur,makhluk urep iku mesti duwe kekurangan lan keluwihan. Mula kowe kudu denger kekuranganmu, lan becik iku kok waspadani,lan ati-ati, ojo gampang mendem alem.”Si Lancur manthuk-manthuk,lan dheweke janji neng jroning ati ndandhani sikape seng kurang becik....



Komentar

Postingan Populer